Berikut adalah Lirik dari lagu berjudul Tembang Donga yang dibawakan oleh Soimah.
Verse :
Ra kerasa wis seprene
Nggonku nggedhekke..
Koyo lagi wingi
Tak kudang lan tak rumati..
Trenyuh ati iki
Nyatane tahun wis ganti
Sliramu wis dadi priyo
Kang sejati hambangun bebrayan mulyo..
Ngger.. anakku rungokno ibu
Titip tembung.. nggo sangu urip
Madyaning bebrayan agung..
Gemi lan nastiti
Sing sabar lan ngati-ati
Mugio nggonmu bebrayan
Selawase tansah pinaring kamulyan..
Tangismu dadi donganing atiku..
Saben esemmu dadi cahya dalanku..
Tangan sing wit cilik tak gegem
Saiki kudu tak culake
Mergo wis titi wancine
Neruske dalan uripe..
Chorus :
Donga lan pangestu..
Mung kanggo sliramu..
Tembang dongane ibu..
Genggemen njero atimu..
Gusti bakal mayungi..
Saben kabeh langkahmu..
Langgeng setyo tuhu..
Soko ijab kabul
Nganti pungkase wektu..
Music
Chorus : (Overtune)
Donga lan pangestu..
Mung kanggo sliramu..
Tembang dongane ibu..
Genggemen njero atimu..
Gusti bakal mayungi..
Saben kabeh langkahmu..
Langgeng setyo tuhu..
Soko ijab kabul
Nganti pungkase wektu..
Soko ijab kabul
Nganti pungkase.. wektu..
Credits
- Judul : Tembang Donga
- Pencipta Lagu : Nurbayan
- Penulis Lirik : Nurbayan
- Arranger : Boedhie Pramono
- Mixing & Mastering : Dedy Harmanto & Boedhie Pramono
